Selasa, 22 November 2016

DRAMA

DRAMA
Drama mujudake komposisi syair utawa gancaran kang di ajab bisa nggambarake panguripan lan watak liwat tingkah laku(akting) utawa dhialog kang di pentasake. Utawa bisa uga di artekake minangka cerita kang utamane sesambungan kelawan konflik utawa emosi, kang mlingi di susun kanggo tontonan teater.

MACEM-MACEME DRAMA SING PERLU DI WERUHI LAN DI MANGERTENI
1. Drama absurd
 Drama edan-edanan kang nerak utawa ora nggatekake konfensi struktur semantik.
2. Drama waca
Naskah drama kang mung cocok kanggo di waca, ora kanggo di pentasake.
3. Drama borjuis
Drama kang temane bab panguripan kaum bangsawan.
4. Drama domestik
Drama kang nyeritaake panguripane rakyat biasa.
5. Drama sedih
Drama kang mligi nggambarake susah sungkawane paraga utama.
6. Drama dukaria
Drama kanti alur seng ssabenere luweh mathuk kanggo drama sedih, nanging pungkasane mala ndadekake bagya.
7. Drama heroik
Drama seng mujudake tetiroe ujud tragedi  kang tansah atema katresnan lan jeneng beciik.
8. Drama liris
 Drama kang wujude basa pinathok.
9. Drama misteri
Drama bab keagamaan kang isi cerito-cerito saka Alkitab.
10. Drama moralis
Drama keagamaan asipat alegoris, kang isi konflik antaraning bab kebecikan lan keewengisan.
11. Drama rakyat
Drama kang tuwuh ngrembaka cundhuk klawan dina-dina gumbira utawa pestaning rakyat kang ana, utamane saka karang padesan
12. Drama ria
Drama panglipur wuyung kang asipat sindiran, nanging dipungkasi klawan kahanan bagya.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar